Wangsulan
1. Tembang macapat ing dhuwur diarani tembang….
➡️ C. Pangkur.
2. Etungen gunggunge wanda (suku kata) saben larike tembang ing dhuwur…
➡️ A. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
3. Tembang macapat kuwi nyritakake bab…
➡️ E. Laku jantrane manungsa.
Penjelasan
1+2. Jinejer ing Wedhatama, (8 a)
mrih tan kemba kembenganing pambudi, (11 i)
mangka nadyan tuwa pikun, (8u)
yen tan mikani rasa, (7a)
yekti sepi sepa lir sepah asamun, (12 u)
samangsane pakumpulan, (8 a)
gonyak-ganyuk nglelingsemi. (8 i)
- Tegese :
Dijejer ing serat Wedhatama
Supaya ora males golek ngelmu
Senajan wis tuwa pikun
Yen ora mangerteni rasa
Sejatine sepi/ora guna kaya ampas samar/sia-sia
Wayah pakumpulan
Tumindake sekarepe dhewe lan ngisin-ngisini
—☆ Paugeran Pangkur :
- Guru gatra : 7 gatra
- Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
- Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i
—☆ Paugeran Macapat :
- Guru gatra, yaiku cacahing gatra saben sapada
- Guru wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra.
- Guru lagu, yaiku tibaning swara vokal (a,i,u,e,o) ing pungkasaning gatra.
3. Tembang macapat kuwi nyritakake laku jantrane manungsa, tegese lakune utawa polahe manungsa nalika nglakoni urip ing donya iki. Saben tembang macapat nduweni falsafah utawa werdine dhewe-dhewe, yen padha bisa mangerteni iku, mestine weruh babagan laku jantrane manungsa.
» DETAIL JAWABAN «
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas : 10
Materi : Tembang macapat
Kata Kunci : Jinejer ing wedhatama, Guru Gatra, Pangkur, Andharan macapat
Kode Soal : 13
Kode Kategorisasi : 10.13
—————————–
Semoga membantu.