Wangsulan
1. Pira cacahe tembang macapat?
➡️ Ana 11.
2. Apa kang diarani tembang macapat?
➡️ Tembang macapat minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket paugeran/aturan tartamtu kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
3. Terangake jinis-jinise tembang macapat!
➡️ Tembang macapat iku jenise ana 11, jlentrehane kaya mangkene :
- Mijil : nggambarake laire bayi.
- Maskumambang : nggambarake wektu isih bocah.
- Sinom : nggambarake wektu nom-noman.
- Durma : waktu nom kang gampang kena godha dening kahanan.
- Asmaradana : wis wiwit kepranan/gandrung wong liya (lanang/wadon liya)
- Kinanthi : nggambarake nalika omah-omah.
- Dhandhanggula : nggambarake umur kang wus diwasa, wis kudu nata bebrayan.
- Gambuh : kadiwasaning jiwa, wus bisa manunggalake cipta, rasa, karsa lan karya.
- Pangkur : waktu kang wus lalu yuswa (lansia) kang wus ngungkurake kadonyan.
- Megatruh : wektu puput yuswa/mati.
- Pocung : mati dipocong.
Penjelasan
{Macapat}
Macapat kerep dijarwakake minangka maca papat-papat awit carane maca pancen rinakit saben patang wanda.
» Paugeran Macapat :
Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane.
- Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
- Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
- Guru lagu yaiku tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasane gatra.
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umume dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi.
- » Urut-urutane tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati.
Waca maneh
- Watak tembang macapat => brainly.co.id/tugas/29508015
- Sasmita tembang macapat => brainly.co.id/tugas/14382143
- Paugeran tembang macapat => brainly.co.id/tugas/6158582
» DETAIL JAWABAN «
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas : 8
Materi : Piwulang 6 – Macapat
Kata Kunci : Pangertene tembang macapat, jinise macapat, cacahe macapat
Kode Soal : 13
Kode Kategorisasi : 8.13.6
—————————–
Semoga membantu.